Selasa, 23 Februari 2016

Baridin Pengen Kawin

Mbok Wangsih Nglamar Ratmina
Baridin anake Mbok Wangsih, menenge ning Desa Cangkring, Urip ditinggal bapa e kang wis mati, Saban isuk Baridin jentul bae, ari nglamuake duwe rabi anake bapa Dam, yaiku Ratmina kang ayu demplon. Bocae ayu lan putih kulite bersih kaya anake wong  Londo.


Pancen Baridin, cita-citae duwe rabi anake Bapa Dam kang Umae ning Desa Mbat-Embat. Ya baka sing cangkring mlaku ning desa embat-embat ya bli adoh. Bapa Dam kang Umae Gedong agreng, wis dadi omongane tangga kabeh.

Isuk-isuk kuh, Bapa Dam wis ngetok aken Pedati kanggo ngangkut  pari, usum panen  wulan sapar iki, kang isuk-isuk udan wis ngricik bae, wulan sapar tahun kien  akeh temen asu kang ngrikik bae, ya eembuh kirik kikik pada katisen yaong anan isuk-isuk wis udan ngricik bae, apa maning wis udan ngricik, tur akeh uwong pada paceklik.

Bli usum udan bae wong Cangkring akeh  sing pada paceklik, pada buru gacong kah, mbok  Wangsih nglakoni  Gacong ning sawah e Bapa Dam. Ari Mbok wangsih baka krungu arane Bapa Dam kah, krasa Endase mumet, ya mumet apa maning yong anan anake bocah lanang ngrengek bae wis pengen kawin, Apa maning kawin ne kuh pengen karo Ratmina anake Bapa Dam.

Haduh, ya mumet ya lara weteng baka wis mikiri anake kah, Baridin wis pengen kawin karo Ratmina anak e Bapa Dam, Yongan  kepriben maning, Baridin baka wis Ngejentul kah ,.......ya ngejentul isuk, sore...... beli wareg-wareg.

Mbok Wangsih e kah wis bli tedeng aling-aling maning baka ngomong karo Baridin :" Cung kacung,.........ari sirae kuh, aja kedereng-dereng temen, yong pengen rabi jeh, karo Nok Ratmina anake Bapa Dam,.........Ari Mbok sirae kah duwe apa,......lan apa mekayae luuuh "?  Mbok Wangsih e kah bari nggebragi  Bale kang digelari lampit, bari gagang sapu.

:" Mbook.... ari isun e kuh, wis demen temen bae karo kang arane Ratmina, Ya bli weru yen Ratmina iku anake sapa, yong isun e kuh dudu pengen kawin karo bapae, isun e pengen dadi laki rabi ya karo Ratmina,............akeh pisan kuh wong lanang kang demen ning Ratmina,................"

:" Aiiih,.... ya baka akeh wong lanang kang demen karo ratmina, apa sira e kuh, arep nerus nang bae demen karo wong wadon kuwen e kuh"? Kaya laka maning wadon ari sira e kuh:"

:'" Mboook, Ya,... baka sampeyan e bli tega karo anake kang demen karo wong wadon bli ketulungan. ingsun e kah, ya uwis pengen mati bae, bagen yang anan nglindes ning sepur uga, ketimbang isun beli ketulungan dadi kawain karo Nok Ratmina kuh, Mboook...."!

Terus baru ngluyur kah, Baridin metu sing umah bari matae mbrebes  mili, ya sedih mikiri nasib e dewek, duwe Embok wis rangda ditinggal mati karo laki e Mbok, ya iku bapae Baridin. kang Arane Mang Carya,........Mbuh bener mbuh beli kuh, Bapa e Baridin arane Mang Carya., tapi ya terus bari mbrebes mili Baridin mlaku metu sing umae,........ sing dalan cangkring kah ngetan maning..... bari mlaku terus, liwat dalan Eloran.

Sing Eloran dalan cangkring, Ya bli adoh ukurane sekiyen, baka terus ngidul terus ana dalan ngetan ya Baridin metu ning embat-embat.  Mbuh arep mendi pikire kah, Bari ngalmuuuun kah. atie Baridin wis matek karo boca wadon kang dadi rebutan wong lanang.  Akeh temen Wong lang kang demen ning Ratmina anake Bapa Dam, ; Ya ana kang arane Sarkin tukang dagang aren, Kang arane Sarko kah apa maning yong anan deweke dadi supir pedati e Bapa Dam. Anggal dina ketemu bae karo Ratmina. Baridin kuh katone cemburu maning karo Sarko kuh

Ya bari mlaku terus ngidul parane, ning Desa nggal mantro, Baridin pengen nemui Ki Gede Nggal Mantro, kang bisa nulungi bathin e Baridin, kang awan bengi mikiri bae Ratmina. Ari wis kaya konon kuh gebrus.....baridin sikile ngindek tlepong e kebo, yong anan e deweke bari nglamun bae terus,...... Dudu apa apa, yong kaya ketemu Dewi malaekat kang tembe bae mudun ninv Cangkring, iku Ratmina  ketemu ning dalan arep metu sing Dalan Desa Nggal Mantro.

Baridin kah, sekonyong-konyong, nakon, karo Ratmina :" Aih, Nok Ayu sing ngendi Nok Ayue kuh,....Iki kakang baridin bari terus ngamuni Nok Ayu, dadi e bae sikil e ngidek Tlepong kebo,..........Yong arane kah pedati e Bapa Mertua mau liwat mene. arep metu ning Nggal Mantr."

:" Apa maning sira e kuh, wong lanang, isun e bli kenal bli apa jeh,....... aja marek-marek"
:" Nok,.... Isun e kuh, kenal aken arane Baridin, pengen temen dadi laki e Sira:"
:" Aih, wong edan, isun bli kenal bli apa, terus arep gelem dadi rabie sira wong edan, dudu sira e kuh anake Mbk Wangsih:"
:" Iya nok, isun e kuh Baridin anak e Mbok Wangsih, isun pengen mbok isun nglamar nggo sira dadi Rabi e isun,........ isun wis bli bisa turu bae, awan bengi kang tek pikiri ya Nok Ayu"
:" Emong, Isun e kuh emong dadi rabie Sira, anake wong mlarat, wong bli duwe apa-apa, Ari Mbok Wangsih mekayae kah beburu gacong, baka Sawah e Bapa Dam lagi Panen pari.
:" Nok,....... aja mlayu, iki isune kah demen pisan karo Nok e kah, Nok........."!
:" Bli arep temen, sira anake wong Rangda, mlarat, terus mekayae beburu gacong"!
:" Aih Nok, Isun e kah wong lanang, kudu wani ngetok aken isi atie, baka ngerasa demen karo wong wadon:..."
:" Aih,..... Pancen baridin, wong lanang bli weru isin, demen karo Ratimina anake Bapa Dam, kang sawahe lega, dunya e akeh, Pedati e akeh, baka panen kah lumbunge pada kebek".

Baridin e kuh wis bli pengen apa apa maning, baka wis mikiri Nok Ratmina, bli awan, bli soore, bli bengi sape isuk maning bli gelem turu, yaiku mikiri bae Rai e Ratmina kang ayu pisan, bocae gembleng, rambute kriting kaya pesinden Tarling.

Yong ana e, Baridin kuh, ditinggal lunga bae karo Ratmina e kah, pas bari lunga ketemu karo Nunggang Per, Duwe e Bapa Dam, ya supir per Bapa Dam kah tengtu  bae bari ngundang balik.

Baridin bari ngetok enang Ambekanne sing jero, bari matae brebes mili......mendek bari mikiri nasibe, ngenes pisan, yang arane nasib baka di ece karo anake Bapa Dam, apa maning bocah ayu kaya Ratmina, kang dadi impenane kah ngece gawe larae ati.

Udan ning cangkring sih wis gede pisan, Baridin ngaub ning gubug pinggir dalan tabet e wong dagang semangka parek desa Jalinan, teruse ketemu wong tuwa nganggo teken, bari nakoni Baridin.

:" Kacung wong lanange, arep mendi, udan - udan kaya kenen kuh, katone kuh  Sira matae brebes mili, lagi mikiri apa kuh kacung e". bapa tua nggo klambi kampret ireng, nganggo iket, bari karo teken
:" Ya wis cung, ayu melu karo isun, yong isun weruh, gelem tah tek ramale, mene isun ndeleng tangan ira"?  bari baca rampe-rampe bapa tua ngmong yen deweke ikuh  sering di undang arane ki Gede Nggalmantro, sing kidulan, Baridin asalae wong Elor an.

:" Cung baka Sira arane Baridin, demen karo bocah wadon anake Bapa Dam,  Gelem tah nglakoni Kemat Jaran guyang, ambir Ratmina e kuh sing ngece bae, dadi puyeng  terus demen nggoleti sira terus awan bengi, baka gelem  ya lakonanang kuh kaya konon e beli"

:" Inggih, Kule e kuh, gelem, sanggine kula nglakoni apa bae asal ratmina dadi demen, tek kemat jaran guyang"

" Alhamdulilah, sira wong lanang, duwe kuasa kangg nglakoni kemat jaran guyang, mulai sukiki lakonane aja turu sore bae, terus baka bengi kah di apal aken, kemat jaran guyang, ngadep ngalor sing jendela sira madep ning anae kamar umae Ratmina, Selikur dina ya cung ya"........ kaya konon pesen e Ki Gede nggal mantro.

Ari wis kuh, Baridin nglakoni Kema jaran guyang  selikur dina, ari bareng selawe dinae, ratmina bari nangis-nangis kah nggoleti Baridin bari  terus brebes mili. Awan bengi bli bisa turu. Isuk-isuk wis nggoleti mae baridin, bari nggawa srabi kinca, ngirimi Baridin, Baka beli nggawa serabi kinca, doyani kah ngawa  apem..., yong saban wulan sapar kah kabeh umah kang wis panen pada sedekah apem an wulan sapar,  Ratmina uga nggawa apem, yong Bapa Dam uga sedekahan apam, yonganan  panen e kah pirang-pirang pedati.


(Sekian dulu yah, Cerebonan e ya maklum bae ya, wis suwe bli nganggo bahasa crebonan) 




Tidak ada komentar: