Cerita Sipandir Crebonan:
Kang Dulatip lagi mlaku-mlaku bari demenan e, ning pinggiran kali kah wong loroan bae yongan e laka batur e maning "
Jare e Kang Dulatipe kah :" Aduh nok....... isun kuh lara weteng, ....mlilit krasae kah"
Ari Jare Nok Mblo e kah " kenang apa kang, wetenge lara tah.....? Kempong tah krasae"?
Jare Kang Dulatipe kah :" Aduh iya mengkonon kah krasae Nok ayu,........kepriben maning "?
Nok Emblo :"......Ya,... ari lara wetenge sampeyan kuh, bokatan wetenge kosong, dadi kempong krasae ya"?
Dulatip ": Ya mekonon...."
Terus Bari ngloyong kah, Nok Emblo mbuh mendi lungae, bari ngomong :" ya ari wetenge kosong yang mlilit krasae bli ?.............yong durung sarapan, alesan ne kah ari dijak lunga mlaku-mlaku kang Dul e kah kaya mengkonon. baka wis mengkonon kah , Dulatip e mengkel , ya uwis suk iki arep tek bales bae mengkonon bli.......?
Ari sajabane kuwen suk iki maning e kah, Nok Emblo bari nyengir ngomong ning Dulatip..
Aduh Kang Dul,...... " Iki kepriben kulae kah Endase Mumet"
Dulatip e kah bli klalen maning, yong lagi wingi krasae rada di ece, ya uwis Kang Dulatip ngomong maning bari gemuyu-gemuyu, bari lunga beli, bari ngomong
" ya bokat Ndase Sirae Mumet kah, berarti Endas Sira lagi kosong bokat e kah, kosong melongpong, kaya isun lagi lara weteng, kaya e kah weteng e kosong, dadi Kempong kerasa e, ya pada baee bokat Sira lara Endase kah, Kaya e sih, Endas Sira e kuh lagi Kosong, melongpong" Kang Dul e kah bari lunga, ya bari gemuyu-gemuyu maning bae
Pancen ira wong edan Sira e kuh...........
Tidak ada komentar:
Posting Komentar